BIS Semarang-Solo PP

Durung tau weruh blog nganggo boso jowo to? Lha iki aku arep nulis nganggo boso jowo. Iki critane aku nulis koyo panduan (jane yo pengalaman, soale kerep mudik), sing podo arep numpak bis (patas) semarang-solo.

Lha, bis patas semarang-solo ki ana akeh tur 24 jam!. Sing ekonomi ana, sing patas yo ana macem-macem bis e. Nek pengen ngerti, iki tak daftar neng kene (sing wis tau tak tumpaki :D )

Jeneng Bis Tarif (Rp) Bijine Mlebu Terboyo?
Karya Jaya 25.000 2 iyo
Muncul 25.000 2 ora
Rajawali 25.000 2 ora
Taruna 20.000 3 ora

Tabel neng nduwur ana kolom biji, iki mung penilaianku dewe. Ora mihak sapa-sapa. Tulisan iki netral. Dadine, pilihan arep numpak apa yo sak karepmu le…. Maksude biji-biji kui ngene

Biji artine
1 ra penak
2 lumayan
3 penak

Biasane ki, bis-bis patas lewat kota (karyadi-tugu muda-stasiun tawang- dr cipto- dst). Bis patas biasane wegah mlebu terminal, soale dalane elek.

Nek pengen nyegat bis patas solo isoh sak nggon-nggon (tapi asal dilewati lho, lan ojo nyegat neng dalan tol!). Nek aku biasane nyegat ska imam bonjol, cedhake lawang sewu, soale ska omah yo mung mlaku. Penak to? Nek mudun bis pengen neng ngomah yo mlaku wae.

Lha….. biasane, aku ra nganti tekan solo. Mung tekan Kartosuro trus ganti bis neng klaten. Bis neng klaten ki yo macem-macem iki tak daftar meneh :

Macem Bis Tarif (Rp)
Jogja-Solo biasa (Sumber Kencono, Sri Mulyo, Mulyo Indah dkk 4000
Jogja-Solo Patas 10000
Mira 3000
Sumber Kencono 3500

Tabel ndhuwur kui itungane mung tekan terminal klaten lho… Nek tekan jogja kiro-kiro di ping ke wae loro

Yo wis ngono sik …. yen arep nambah-nambah daftar bis yo keno. Wis gek komentar wae…. wong komentar yo ra mbayar kok…..

hehehe

——————–
Panji Wisnu Wirawan

2 comments so far

  1. idrez(d3-tkj) on

    wah , pak panji sebenere tiyang pundi toh !

    penak iwk kota-kota trus . .

    pak matur nuwun kangge infone , saget kangge itung-itung nek kula ajeng tindak klaten .

    ben mboten ke-Blondrok kenek’e bis seng sangar-sangar.

    pak ditambahi tip ben aman mudik , soale kula pernah ditodong pas mudik . Njur meniku kula wedi ger numpak bis luar kota

  2. byo_totis on

    wah2 pak panji jebule wong jowo to…
    lmyan bermanfaat informasine
    soale kadang-kadang q yo balik nyang solo..


Leave a reply